Senin, 19 Juli 2010

Ngono yo ngono ning ojo ngono


 NGONO YO NGONO NING OJO NGONO



Kacarios lelampahing manungso
Kang urip ing ngalam ndonyo
Anemahi pirang perkoro
Laku elok lan ora elok

Kanti cipto roso lan karso
Berbudi bowo leksono
Titahing laku utomo
Rahayu lir ing sambekolo

Purwaning  manungso iku becik sdyane
Rehning kurang nalar lan pengertene
Jur ora pas sak solah bawane
Gawe risaking pawewekan

Kewajibaniro kang poro agung
Caos preso piwulang luhur
Mring samyo poro sadulur
Mrih larasing lelampahanipun

Paring piwulang  kudu umpan papan
Najan  leres nora  srampangan
Kedah pas wedal sasmitaning
Lan sopo kang wehi pawulang

Najan  becik pawulange
Nora pas nyarios ake
Dadi salah penampanne
Ngono yo ngono ning ojo ngono


By: Roch, 19 Juli 2010
Cerita tentang perjalan hidup manusia
Yang hidup alam semesta
Menemui beberapa permasalahan
Amal  yang baik maupun yang tidak baik

Dengan Cipta , rasa dan karsa
Amal yang baik membawa kesuccessan
Ditakdirkan berprilaku  baik
Selamat dan bebas dari segala marabahaya

Pada mulanya manusia itu baik niatnya
Berhubung kurangnya  pemahamannya
Sehingga tidak tepat tingkah lakunya
Sehingga merusak tatanan /aturan

Jadi kewajibnn semua yang sudah  paham
Memberikan petutunjuk  teladan yang baik
Kepada seluruh saudara dan masyarakat
Agar terjadi keselarasan dalam kehidupan

Menyampaikan   kebaikan  harus tepat
Walaupun ajaran baik tapi jangan asal asalan 
Harus tepat watu dan pesannya
Dan  tepat kepada siapa ajaran itu disampaikan

Walau bagus yang disampaikan
Kalau tidak tepat penyampaiannya
Menjadi salah presepsinya
Begitu ya begitu tapi jangan begitu



0 komentar: