Senin, 21 November 2011

Nunggu Udan


Nunggu Udan

Soko bedug subuh tumekan wengi
Ono mendung kang nutupi
Gluduk saut sautan
Jebalane ora sido udan

Saiki wis sangsoyo wengi
Dedalan wis katon sepi
Yen direnungke jroning ati
Akeh pelajaran sing kudu dimengerti
Urip iku mung sak dermo nglakoni
Siro kabeh ora ono kang ngerti
Opo kang bakal dumadi
Mung Allah sing luwih ngerti
Opo kang mesti dumadi
Najan tondo tondo wis nyoto
Najan kowe duwe bondo duwe kuoso
Ning tetep wae ora biso opo opo
Mulo urip uki ojo sok
Luwih becik sujud 
Nyuwun pepadangin kang Moho agung

By : Roch 20 Nop 2011

0 komentar: