Selasa, 29 November 2011

Wis Tuwo


WIS TUWO
Koyo ngene dadi wong tuwo
Sah solahe  disio sio
Atine dadi nelongso
Meh  sambat sambat karo sopo
Aku yo wis rumongso
Yan pikirane wis kedaluwarso
Ora podo pikirane kawulo mudo
Mulo aku yo ora bakal mekso
Wong jamane pacen wis bedo
Aku ora njaluk kang neko neko
Panuwunku nyang kawulo mudo
Maklumono marang wong tuwo
Sejatine mung melangke marang siro
Ning tanggapamu malah bedo
Dianggep mung gawe rubido
Padahal jatine tujuane podo
Mung carane kang bedo
Gandeng siro kawulo mudo
Kang dipercoyo dadi pandekaring bongso
Dadiyo pandekar kang wicaksono
Sing biso ngrangkul tuwo lan mudo
Najanto siro pinter koyo opo
Tan biso uwal soko upyane wong tuwo
Tembe mburi wong tuwo kegowo gowo

BY : Roch 28 Nop2011

0 komentar: