Senin, 19 April 2010

PUNGKUR

Pungkur

Lamun siro podo den kawruhi
Lelampahing gesang kang siro lakoni
Wolung puluh persen wus siro lewati
Kari rong puluh pesen kang biso kaudi

Tan ono kang kudu di sumelangi
Kabeh mau kudu siro temoni
Bungah susah tan biso uwal
Mung kesiapan batin kudu kaudi

Mati iku lelampahing sukmo
Bondo lan rogo tan ono guno
Mung ngribeti lampahing sukmo
Laku utomo kang luwih prayogo

Banjur opo kang biso dilakoni
Ngadepi pensiun tan lami
Nanduro sakabehing ing tembe prayogi
Tanpo ngarah ngarep untung rugi

Yo iku amal jariah kang migunani
Najanto ragamu wis mati
Tan ono kang biso kaudi
Nanging amal becikmu terus mili


By : Roch,20 04 2010

0 komentar: