Selasa, 14 Juni 2011

Udan Angin




Udan Angin

Glayut glayuting mego 
Lumampah jroning gegono
Peteng dedet tanpo Cahyo
Saklebating lintang tan katon
Kemrusuk lakune angin
Ngrontok ake godong kang  garing
Pating bleber pating sliwer
Ngalang ngalangi patingalan
Sang soyo suwe Soyo gede angine
moyak muyek witwitan
 nuruti lakune anging
Udan barat udan angin
Kayo meh mabur
mabur ake sembarang wae
Poro jalmo podo kemrungsung
Poro sato podo ndekukur
Muji kersaning Allah
Narimo opo kang  dadi kersaning
Tan ono kang biso uwal
Marang cobaning
Mung manungso kang pating julimpat




nuruti nalare dewe dewe
Kayo bisa  bisao uwal saka prahoro
Sing nduwe tenogo nggunake tenagane
Sing duwe banda podo nylametke  bandane
Sing rumonso piter nggunake kepinterane
Sing duwe akal nggunake akale
Kabeh mau mung ngupoyo
Mrih bisane uwal soko beboyo
Kang  rumongso oro duwe opo opo


Mung meneng tanpo  doyo
Ing  ngrersaning Kang Moho Agung 
Mung nrimo pasrah koyo dene sato
Tawakal  mujo agunging kang moho kuoso
Yen mangkono meh niru manungso opo niru sato  
By :Roch 14 Juni 2011

0 komentar: