Selasa, 06 September 2011

SANGSOYO NDALU




SANGSOYO NDALU

Sangsoyo ndalu
 Sang soyo  wengi
Kang keprungu kemriciking banyu
Tumetes jroning telenging bumi
Sang soyo ndalu
Sang soyo sepi
Kang kprungu
Mung swaraning ati
Najan nganglang jagat milang kori
Tebak jawabaning ono jroning ati
Poro sadulur kang lagi nandang susah
Ojo banjur kakean polah
Nubras sono nubras sini
Luwih becik rungokno jroning ati
Jleg judug pikiran kang lagi cutek
Rasane peteng dedet kekunci rapet
Dudu ateges ora ono Cahyo
Ning ono hijab kang nutup moto
Cobo mang gateke kanti waspodo
Mesti  katon endahing ndonyo
By: Roch 6 September 2011

0 komentar: