Selasa, 27 Maret 2012

SING DEMO ANGINE


 
SING  DEMO ANGINE
Mobat mabit angine
Pada somplak witwitane
Pontang panting rakyate
Pada korupsi pemimpinne
Sopo sing gelem disalahke
Sopo kang kudu mikir ake
Pating sruntal pating sruntul
Podo golek slamete dewe dewe
Sing wareg nganti blenger
Sing ngelih tambah kaliren
Sing pinter sok keminter
Sing ra pinter tambah keder
Ora udan kok banjir dalane
Akeh jembatan ora ono kaline
Jarene mlarat ning akeh mobille
Sing mewah rumah rumah pejabate
Pembangunan macet ra ono perkebanganne
Jalan rusak yo dijorno wae
Jalanan macet tan ono solusine
Anggaran negoro terus digawe gede
Ning entek dikorupsi pejabatte
Bareng tekor opo mesti rego bensin diunggah ake
opo iku solusine,najan besin larang regane
Anggarane tetep kurang wae
Cobo poro pejabt dikurngi fasilitase
Rasane kurang wae
Angin wae nganti bingung playune
Wiwitan banjur di robohake
Dadi sing demo rakyate opo angine
 Roch,27 Maret 2912

0 komentar: