Kamis, 06 Januari 2011

NGELMU, ANGELE YEN DURUNG KETEMU



NGELMU,
ANGELE YEN DURUNG KETEMU

Lamun pada den antepi 
Urip iku mung sakdermo nglakoni
Tan ono kang mesti disumelangi
Sumelangke urip morgo kurang ngimani

Becik podo den antepi
Opo kang dadi pinesti
Tan ono kang biso ngowahi
Mring kabehing kersaning Illahi

Kewajiaban urip iku mung laku
Ilmu iku tinemune soko laku
Ngelmu iku angele yen durung ketemu
Mulo lakonono najan nganti ing nagari tirai bambu

Lakune urip iku mawarni warni
Becik olo iku gumantung nggomu nglakoni
Laku becik yen nurut kersaning gusti
Laku olo morgo angkoro murko kang mbok turuti

Akeh bondo dadi karepmu neko neko
Duwe kuwoso nuwuhake  angkoro murko 
Luwih becik urip prasojo 
Legowo marang kang ono 

Eling yusmamu soyo tuo
Gunakno tirahipun yuswo 
Kanggo tumitah laku utomo 
Dadi tuladanging poro putro

By : Roch , Jum'at 7 Jan 2011

0 komentar: