Selasa, 12 Juli 2011

Sambe Kolo


Sambe Kolo

Nggatek ake moyak mayeking jagat
Dumunung  soko doyo dayaning sipat
Nalar kang cekak bisane yo mung ngumpat
Tanpo arah tanpo keblat
Srengenge wus lengser mangulon
Sumurup jroning cokrowolo
Cahyane abang mbranang  tan lami dadi peteng
Neptu iku kang diarani candik olo
Kemrungsung  raosipun  ginowo songko napsu kamurkan
Jin setan podo gentayangan
Kalong wewe poda pating sliweran
Tumraping wong kang duwe gegayuh olo
Podo nggunakke mongso ngono  ngudi Karep
Angidung  sesirepan  kanggo ngujo kekarepane
Komat kamit kidung kawateg
Yep kliyep wong kang disirep
Mulo siro podo eling lan waspodo
Ojo  pijer turu sore
Elingo mring kang moho kuoso
Angidung tolak bolo
Ono sedyo ra tumeko
Temuko ra temumo
Slamet slamet ,
slamet songko kersaning Allah
Pacen wis dadi prasetyaning jin setan
Arep ngganggu gawe anak turune Adam
Trumraping koro kang biso diganggu gawe
Mulo siro ojo pijer leno
Angamalake limang mongso
Koyo kang kang dicontohke Nabi  Muhammad Saw
Nabi pungkasanig jalmo
Supoyo siro biso lir ing  sambe kolo
By: Roch 12 Juli 2011

0 komentar: