Jumat, 09 Desember 2011

Sampun Ndalu




Sampun Ndalu
Sampun ndalu wedal ipun
Lenggah bale jati tinukir
Anentrem aken penggalih
Kanti tasbeh  ing asto
Wewiritan asmoning kang moho agung
Mrih wonten sasmito kang lumingsir
Kangge tetaler lelampah mangke
Sangsoyo ndalu sang soyo sepi
Mungkari swarane mbanyu kemricik
Najan ngantuk tan diraos
Amanjing telenging roso
Roso ati roso jati
Manunggal dadi siji
Kang manjing jroning sanubari
Lebur dening pangastuti
Tanpo doyo tanpo prayogi
Mung gumantung kersaning gusti
Kapireng swantenipun jroning ati
Karaos  lampahipun  den kaesti
Kang mijilaken laku utami
Lelampahan ingkang praygi mring poro jalmi
Tumraping kang kurang waskito
Lampahipun lajeng sembrono
Nubras sono nubras opo wae kang ono
Gawe ribet gawe rusak ing ngalam ndonyo
By: Roch 09 Des 2011

0 komentar: